KELINGAN BIYEN, KANGGO SAIKI
Yen oleh, aku pengen
bali
Aku wegah ning kene
Aku ora kuat
Yen isa, aku pengin metu saka panggonan iki
Aku pengen bali ning omahku
Ayem, tentrem
Ora kaya apa sing tak rasakake saiki
Yen oleh
Yen isa
Duh, Gusti
Paringana cahya kang
madangi
Paringana panggonan
kang nentremi
Aku ora kuat ning kene
Duh, Gusti
Yen iki amarga tindak-tandukku
Ah, aku ora ngerti, Gusti
Semut, lan kewan-kewan
sakabehe, rungakna aku
Tulung kandhani
kanca-kancaku
Kareben ora ana sing
kaya aku
Elingake sakabehe
Dumadia wong kang alus
budi pekerti
Alus tindak lakune,
alus atine
Urip
mung sepisan
Ora
ana sing ngerti mbesuk kaya apa
Mula
aku pengen
Kabeh
kancaku ana ing dalan sing bener
Nindakke
kebecikan, lan sakabehe wae

0 comment:
Post a Comment