Monday, June 2, 2014

UDAN SORE KUWI



UDAN SORE KUWI

Rungakna swara kae
Rintihe udan kang ngayemake
Udan wingi sore
Isih jelas tak rasakake
            Aku ora ngapusi
            Aku kepincut karo esem manis kuwi
            Sing tak temoni
            Ing salah sawijining
            Nalika aku ngeyup ing omah cerak kali
            Aku ora ngerti rasa kuwi
            Nanging, bungah jalari ati
Saknalika aku ngerti
Tresna kang metu saka jero ati
Tuwuh wiwit dina kuwi
Nanging aku ya ngerti
Aku ketemu ya mung pisan kuwi
Rasa tresna iki, ora bakal dheweke ngerti
            Nanging aku janji
            Aku janji, rasa iki ora bakal mati
            Kaya swara gerimis amarga udan sore kuwi
            Kang ayem nentremi ati, tekan saiki

0 comment:

Post a Comment