Monday, June 2, 2014

AMBYAR



AMBYAR

Ora ana aturan
Kabeh laku miturut karepe dhewe
Endi sing korupsi ra ana enteke
Lan sing maling ra ana lerene
            Kutha iki wes reged
            Amarga kena tangan-tangan reged
            Tangan kang sakepenake maju
            Maju tanpa ngelingi liyane
            Sing wis misuwur lali ngisore
Wit-witan ing alas kuwi njerit
Ora trima yen kanca-kancane digondholi
Nangimg sing nggondhol pancen ora ngerteni
            Bumi nesu
            Amarga dheweke dilarani
            Sing urip ing ragane padha dipateni
            Liyane dicekel lan dikurungi
            Pancen ora dhuwe ati manungsa iki
Negriku ambyae, kabeh bubrah
Lan aku ora isa nyegah
Wong gedhe padha polah, sedulure sing oleh berkah
Wong cilik tetep susah
Pancen ora genah

0 comment:

Post a Comment